
martabat wujud
medal sangking sifatullah
kelawan ambakta ismullah
sesarengan kalih af’alullah
melebet maring dzatullah
sih nugrahaning pengeran
luber kadi pusering jaladri
ora bisa tilangngiyan
ora bisa den wilangi
sifatullah kang rohman-rohim
medalaken nur muhamad
ingkang linglang linglang
wontening sajaratulmuntaha
ingkang langka kuwayange
ingkang langka lamonane
lohmahfud dereng dumadi
sujud tasbek
ora wangenan
muji kang maha suci
ismullah ingkang nasawuraken nur
dumadi ruh kang lilimpahan maklumat
padang linglang langka kadyane
cumlorot langka watesanane
ora wujud
ora langka
ora iki
ora iku
ora bengen
mengko apa maning
oleh Muhamad Mukhtar Zaedin-Grage, Mulud 1431
Tidak ada komentar:
Posting Komentar