Selasa, 19 Februari 2013

Salak Salik Suluk 3



ing pungkasane

banyu suci roh sejati
jatining pengeran
rasa dumadi kang angliputi sukma
angalingi nursejati
rasa mulya rasa sawiji

den ules-ulesi kelawan cecoba
den tandu tekang barjah
nerima maring kang lumampah
awit eling teka ilang
ketakonan ora kaliwat liwat

bismillah wiwitaneng kriya
hamdalah pungkasneng gawe
Allah kang tinuju
Muhammad kang tinemu


        

Muhamad Mukhtar Zaedin-Grage, Mulud 1431

Tidak ada komentar:

Posting Komentar