ing pungkasane
banyu suci roh sejati
jatining pengeran
rasa dumadi kang angliputi
sukma
angalingi nursejati
rasa mulya rasa sawiji
den ules-ulesi kelawan
cecoba
den tandu tekang barjah
nerima maring kang lumampah
awit eling teka ilang
ketakonan ora kaliwat liwat
bismillah wiwitaneng kriya
hamdalah pungkasneng gawe
Allah kang tinuju
Muhammad kang tinemu
Muhamad Mukhtar Zaedin-Grage, Mulud 1431