Selasa, 12 Maret 2013

Salak Suluk Salik 1a


Bendera Cirebon (Caruban Nagari)


martabat wujud


medal  sangking sifatullah

kelawan ambakta ismullah

sesarengan kalih af’alullah 

melebet  maring dzatullah 


sih nugrahaning pengeran

luber kadi pusering jaladri

ora bisa tilangngiyan

ora bisa den wilangi 


sifatullah kang rohman-rohim

medalaken nur muhamad

ingkang linglang linglang 

wontening sajaratulmuntaha

ingkang langka kuwayange

ingkang langka lamonane


lohmahfud dereng dumadi

sujud tasbek ora wangenan

muji kang maha suci 

ismullah ingkang nasawuraken nur

dumadi ruh kang lilimpahan maklumat

padang linglang langka kadyane

cumlorot langka watesanane

ora wujud

ora langka

ora iki

ora iku

ora bengen

mengko apa maning 


oleh : Muhamad Mukhtar Zaedin-Grage, Mulud 1431

Minggu, 10 Maret 2013

Salak Salik Suluk 2

Insan Kamil 

af’alullah ingkang kinarya tasawur 
ingkang sampun tinulisaken lohmahfud 
wujud dadi siji, 

siji dadi wujud muhammad 
kang anak raden abdullah
ingkang ibu siti aminah 
dohir teng mekah 
insalkamil arane 

dzatullah minangka pangilo insankamil
itikad suci
badan sampurna 
madep kelawan nyawa lan rasa 
langka rupa langka suara
nanging pada sir sarira 
nyawa salira 
sampurna kelawan kun fayakun 
eling insankamil 

oleh : Muhamad Mukhtar Zaedin-Grage, Mulud 1431

Salak Suluk Salik 1



martabat wujud 

medal sangking sifatullah 
kelawan ambakta ismullah 
sesarengan kalih af’alullah 
melebet maring dzatullah 

sih nugrahaning pengeran 
luber kadi pusering jaladri 
ora bisa tilangngiyan 
ora bisa den wilangi 

sifatullah kang rohman-rohim 
medalaken nur muhamad 
ingkang linglang linglang 
wontening sajaratulmuntaha 
ingkang langka kuwayange 
ingkang langka lamonane 
lohmahfud dereng dumadi 
sujud tasbek 
ora wangenan 
muji kang maha suci 

ismullah ingkang nasawuraken nur 
dumadi ruh kang lilimpahan maklumat 
padang linglang langka kadyane 
cumlorot langka watesanane 

ora wujud 
ora langka 
ora iki 
ora iku 
ora bengen 
mengko apa maning 

oleh  Muhamad Mukhtar Zaedin-Grage, Mulud 1431