Selasa, 19 Februari 2013

Salak Salik Suluk 3



ing pungkasane

banyu suci roh sejati
jatining pengeran
rasa dumadi kang angliputi sukma
angalingi nursejati
rasa mulya rasa sawiji

den ules-ulesi kelawan cecoba
den tandu tekang barjah
nerima maring kang lumampah
awit eling teka ilang
ketakonan ora kaliwat liwat

bismillah wiwitaneng kriya
hamdalah pungkasneng gawe
Allah kang tinuju
Muhammad kang tinemu


        

Muhamad Mukhtar Zaedin-Grage, Mulud 1431

Minggu, 17 Februari 2013

Maca Yasin (Tembang Cerbonan)


Maca  Yasin (Tembang Cerbonan)

Kaya kelinganbae 
ati kula ing sampeyan 
Slalu kebayang-bayang 
Kaya ning adepan 

Apa bae tek lakoni 
Asal bisa dadi siji 
Sing awit puasa muti 
sampe tekang pati geni 

Awan bengi tek wiridi 
Maca yasin ping seket siji 
Teka welas teka asih 
Muga kakang jatuh hati 

Kepengen bisa laksana 
Adus kembang pitung rupa 
Pitung sumur pitung timba 
Muga kakang jatuh cinta 

By: Nunung Alvi